Suharmono K. kelairan desa Kauman-Sumoroto, Ponorogo. Dheweke nulis karya sastra kanthi basa Jawa lan basa Indonesia. Taun 1977 Suharmono K. diajak Suripan Sadi Hutomo aminangka dhosene ngedegake Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya (PPSJS). Kaping loro dheweke oleh hadhiah sastra Rancage saka novele kang asesiran Pupus kang Pepes ing taun 1999 lan antologi crita cekak Kakang Kawah Adhi Ari-Ari taun 2018. Pupus kang Pepes ing taun 2021 iki diterjemahake marang basa Indonesia dening Balai Bahasa Jawa Timur. Suharmono K. uga tau oleh pangaji-aji saka Gubernur Jawa Timur saka pengabdiane ing Seni Budaya, dhek taun 2005.
