Suharmono K. kelairan desa Kauman-Sumoroto, Ponorogo.  Dheweke nulis karya sastra kanthi basa Jawa lan basa Indonesia. Taun 1977 Suharmono K. diajak Suripan Sadi Hutomo aminangka dhosene ngedegake Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya (PPSJS). Kaping loro dheweke oleh hadhiah sastra Rancage saka novele kang asesiran Pupus kang Pepes ing taun 1999 lan antologi crita cekak Kakang Kawah Adhi Ari-Ari taun 2018. Pupus kang Pepes  ing taun 2021 iki diterjemahake marang basa Indonesia dening Balai Bahasa Jawa Timur. Suharmono K. uga tau oleh pangaji-aji saka Gubernur Jawa Timur saka pengabdiane ing Seni Budaya, dhek  taun 2005. . Taun 2017 oleh penghargaaan Sutasoma saka Balai Bahasa Jawa Timur. Kumpulan geguritane sing wis terbit Kidung Lingsir Wengi. Sawise pensiun saka Unesa Suharmono K. dadi  staf pengajar ing Universitas Nahdlatul Ulama Surabaya (Unusa).  

 

Suharmono K.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Open chat
Tabik, sudah menghubungi kami. Silakan chat lebih lanjut