Buku sing panjenengan asta iki dudu kumpalan dongeng ngenani jaman kapungkur kang diagung-agungake utawa crita padesan kang dipoles supaya katon eksotis lan narik kawigaten. Kumpulan cerkak iki mujudake rekaman saka napas kang seseg, rasa was sumelang kang dipendhem, lan patemonan cilik ing antarane manungsa sing kulina gelut sapinggiring jaman.
Ana bapak kang ngampet lara tanpa ngresula kanggo njaga wibawa sangareping anak-anake. Ana buruh tebang kang gegere gosong dening srengengene, sawetara panggalihe kumleyang kepikiran dhuwit sekolahe anake lan rega kabutuhan kang terus mundhak. Ana uga seniman sepuh kang nulak marang kahanan lan umur, milih setyia ngramut tatahan wayang ing pojok omahe, sarta rasa sumelange pengarang kang nulak nganggo topeng tradhisi, mung supaya payu lan nguber pasar.
Nulis sajroning basa Jawa satengahe era modhern iki asring diadhepake ing tuntutan kang ganjil, kaya-kaya awake dhewe kudu tansah niliki mangsa kawuri lan mahargya jaman kapungkur. Kamangka, manungsa dina iki urip satengahe hibriditas kang mawut: ing endi wong desa wis raket karo gawai, sawah-sawah subur malih rupa dadi beton proyek, lan basa padinan lebur campur kerut pangaribawane jaman. Lumantar cerkak-cerkak iki, aku ora lagi madeg juru micara moral utawa pahlawan budaya. Aku mung nulis apa kang nyumpeg-nyumpegi sirah, apa sing nyesagake dhadha, lan apa kang asring luput saka lampu gebyare ndonya.
Crita-crita iki embane kembang tebu kang katiyup ing angin mangsa katiga—kabur menyang endi wae tanpa tau ngerti bakal ing endi pungkasane dheweke tumiba. Nanging, saorane dheweke tau nglayang, tau nglawan sepi, tau mekar lan urip.
