
Penulis: Suharmono K, dkk
Penyunting: Mohamad Yofi Prayoga, Aming Aminoedin
Penerbit Pagan Press, Agustus 2023
Bekerja Sama Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya
Tebal: 258 Halaman, Ukuran: 14 x 20 Cm
ISBN:
Harga:
Kumpulan guritan iki rada beda, amarga luwih saka satus penulis melu gawe guritan lan kamot ana buku iki. Dene kumpulan guritan iki asesirah Gaman. Kena apa kok Gaman? Ora amarga ana salah siji gurit kanthi judhul Gaman, nanging ngemu arti bisa digawe gaman sinau nulis gurit ing tembe mburi. Bisa uga dadi gaman gawe terus olehe ngleluri basa Jawa, gaman laku apik tumindak becik. Amarga akeh guritan sing ngemu pitutur marang sing gelem maca guritan ing njero buku iki.
Aming Aminoedhin Sekjen PPSJS
Ugi gurit-gurit saking kadang-kadang anom ingkang asung gurit ing antologi punika saestu kados dene trubus mrajakipun kasusastran Jawi ing tembe. Mugi-mugi punika dados babakan enggal ingkang badhe natasi prekawis tuwuh ngrembakanipun kasusastran Jawi. Mugi-mugi para panggurit dados paraga Jurang Penatas ingkang tansah asung ewoning karya sastra kreatif tumrap kasusastran Jawi ing tembe. Amien.
R. Djoko Prakosa